Jumat, 16 September 2011

GEGURITAN: TRESNA SAWIJI

TRESNA SAWIJI

Dening: Dita Dwi R

Awanku mrepet,

Bengiku peteng ndhedhet,

Atiku saya ruwet

Prasasat tanpa rasa,

Jagad raya melu nelangsa,

Kaya-kaya urip tanpa guna

Tresna iki mrekah,

Ati iki susah,

Raga iki burah,

Nanging aku lila menapa sliramu isa bungah

Kang daktresnani,

Jenengmu kasurat ing sajroning ati,

Tresnaku amung sawiji,

Tak gawa tekan mati